NGENAL ADAT ISTIADAT INDRAMAYU
Ngenal Adat Istiadat
Indramayu
Adat salah sijine wujud
budaya sing nentukaken corak keseniantradisional, suku bagsa Indonesia nduweni
adat-istiadat sing awitjaman bengen tekan sekiyen masih ana lan dienggo ning kabeh
kegiatan. Adat istiadat
iku orientasine ning kepercayaan (religi),sistem sosial, lan tatanan
masyarakat. Mulane ning jarahnita(Sejarah dan nilai-nilai adat tradisional)
sing ana ning Indramayuyaiku :
1. Adat Ngarot
Adat ngarot sebenere labuh
mancul, masyarakat nggaraptanah/sawah, tekane labuh macul iku disambut ning
masyarakatsing dikenal bari sebuatan adat ngarot. Ning para kasinomane
ningsaate mulai nandur pari.
2. Sedekah Bumi
Sedekah bumi umume
dilaksanakaken ning akhir ketiga(kemarau) utawa ngawiti usum udan, baka jaman
bengendilaksanakaken ning wulan september, pas bari omongane yaiku“Sedekah”
sing artine slametan nyambut tekane usum rendengan(penghujan), umume
diselggarakaken ning baledesa lan ditaggapakenwayang njukut crita “bumiloka”.
Intine meh pada bari Ngarot.
3. Nadran
Nadran yaiku pesta nelayan
sing dilaksanakaken kanggo rasasyukur sebab asil laut(iwak) bisa gawe
sejahterane para nelayan.Tembung nadran sing tembung “Nadar” utawa sing basa
arabe“Nadzan” sing artine syukuran, utawa ning basa jawane “Kaulan”.Baka ana
wong sing mulai usaha, lan janji baka usahane berhasil,terus janji ning awake
dewek, yaiku baka usahane hasil duwe kaul(kaulan) utawa nadar utawa slametan
syukuran. Nadran sedurungeagama Islam manjing ning Indonesia wis dianakna,
arane upacara“srada”, bengene upacara srada upacara pemujaan ning arwahnenek
moyang/para bapa tua sing diyakini pas bari kepercayaanmasyarakat jaman bengen.
4. Jaringan
Upacara ada jaringan yaiku
upacara golet jodoh ning kecamatanKandanghaur, yaiku desa Parean Ilitdari
Parean Girang, jamanbengen dilaksanakaken ning wektu padang wulan antara
tanggal
1 tekan tanggal 17 Jawa
wulan Hijriyah, para muda mudi metungoleti jodo, pakean bocah lanang nganggo
klambi kampret/ketekanwerna putih utawa ireng, sarunge plekat, ikete werna
ireng/wulung,
bocah wadone nganggo
klambi kurung werna biru/nila utawa abangtua, nganggo tapih selendang tenun,
alat komunikasine bengennggunakaken basa Sunda kuno.
5. Ngunjung
Upacara adat ngunjung
singtembung “unjung” artine teka,dadi baka ulih ater-ater ng/m dadi
ngunjung artine nekani,
nekani ningkenen artine ziarah ning mekampara leluhur cikal bakale sing
dadipancere (asal muasal) wong singngadege desa iku. Ning wektu ngunjung
masyarakat ngawa sesajen,tumpeng, bekakak ayam, lan buah-buahan, utawa panganan
sejene,terus dikundurikaken ning kono lan dipangan ning kono,
biasaneditanggapaken wayang kulit, tari topeng, berokan lan sejen-sejene.
6. Ruwatan
Upacara adat ruwatan sing
basa jawa kuno “ruat”, artine disyarati supaya slamet sing sesuker, manjinge
ning gugon tuwon. Masyarakat Cerbon-Dermayu masih akeh sing percaya ning
bab-bab
sing sifate mistis, apa
maning ning pedesaan-pedasaan masih kuat isan ning gugon tuwon, gugon tuwon
dibagi 3.
1 Gugon tuwon kang salugu,
kanggo bocah sing kelairane dianggep sukerta kudu diruat, baka beli mengkone
dadi pekane Bathara Kala.
2 Gugon tuwon kang isi
wasita sinandi, sing biasane dibarengi tembung-tembung ora ilok contone aja
ngidoni sumur, aja ndodoki bantal lan sejen-sejene.
3 gugon tuwon kang
kepanjing wewaler utawa supaya bocahe slamet kudu diruwat, sarana ditanggapaken
wayang sing lakone utawa critane “Amurwa Kald”.
Catetan: lan masih akeh
maning upacara-upacara adat sing
ana ning daerah Cerbon-Dermayu.
Sumber : Bahasa lan Cerbon-Dermayu (Sulistijo)
Komentar
Posting Komentar