BIOGRAFI LAN AUTOBIOGRAFI


Biografi lan Autobiografi/Otibiografi

1.      “Biografi” yaiku tulisan , teks , utawa catetan riwayat uripe wong utawa tokoh,sing umume wong-wong sing kewentar (terkenal),nduweni prestasi utawa keluwihan  ning ilmu,ketrampilan lan sejen-sejene .lan riwayat uripe  ditulis ning wong sejen .
Apa bae sing ditulis , yaiku biasane sing awit lair, kaanan keluargane, lan perjalanan uripe, pendidikane, prestasine, karire, tulisane ,penemuan-penemuane,lan sejen-sejene.
Biografi sing basa Yunani , yaiku “bios “ artine “ urip “, lan “ grafi sing tembung graphien sing artine tulisan .Dadi artine biografi yaiku “ tulisan sing nyritakaken riwayat uripe wong utawa tokoh sing sing dicritakaken sing awit lair lan  pendidikane,prestasine kadang sampe tekan matine.

2.      Baka “Autobiografi utawa otobiografi” yaiku tulisan utawa catetan riwayat uripe wong sing ditulis ning wong iku dewek . Autobiografi sing basa Yunani sing tembung           auto “ sing artine “ dewek “. “ bio “ artine urip, “ grafi “ artine “ tulisan “. Dadi Autobiografi artine catetan riwayat uripe wong/tokoh sing  ditulis dewek.
           Wong-wong sing ditulis biografine biasane wong-wong terkenal, tokoh, budayawan, seniman , politikus, negarawan, utawa wong-wong sing prestasi/riwayat uripe  diweruhi ning wong akeh, utawa wong sing nduweni jasa ning negara.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

ULANGAN HARIAN BASA CERBON-DERMAYU KD 1

ULANGAN HARIAN BASA CERBON-DERMAYU KD 2 DAN 3