GUNEMAN
UNGGAH-UNGGUH BASA
Akeh pisan sing pada ngomong menawa basa Cerbon-Dermayu iku basa sing
kasar, sebenere omongan iku salah, sebab wong-wong iku ngertine utawa weruhe
mung ning lapangan utawa ning dalan-dalan bae, tapi baka dititeni utawa gelem ndeleng keluarga
ning desa-desa, masih akeh sing komunikasine masih nggunakaken “ basa bebasan “
utawa “ basa krama “,aturan ngomong antara bocah enom bari wong tuwa, utawa
wong sing dituwakaken masih nggunakaken
basa bebasan utawa krama. Pancen baka ndeleng ning kota utawa daerah parek
kota akeh sing wis brubah , akeh keluarga sing komunikasine nggunakaken basa
Indonesia, apa maning kanggo keluarga muda mulai arang nggunakaken basa daerah
sing akeh-akeh nggunakaken basa Indonesia..
Sebenere baka disimak lan dititeni ning wewengkon Cerbon-Dermayu,kanggo
para sesepuhe masih kewentar ning
unggah-ungguhe , subasitane lan tata kramane sing adiluhung, aja ndeleng ning
pergaulan njaba bae. Para kesepuhan utawa wong-wong tuwa sing ana
ning desa-desa,masih nyekel kenceng adate, yaiku ning lingkungan keluargane masih diwajibaken
nggunakaken basa bebasan sing alus lan bener, lan masih nyekeli unggah-ungguh basa sing bagus
lan bener.
Pergaulan lan komunikasi ning basa
Dermayu-Cerbon beda bari basa pergaulan Jawa Tengah utawa Yogyakarta
sebab , unggah-ungguh basa ning Dermayu –Cerbon basane mung dibagi loro, yaiku basa ngoko utawa
padinan, lan basa krama utawa basa bebasan.
1.
Basa ngoko utawa pedinan
Basa ngoko utawa pedinan,basa sing
akrab lan sifate umum, bli ana rasa ngurmati bari sing sing diajak ngomong, basa sing
dienggo ngomong kedudukane pada ,sederajat, lumrahe sing nggunakaken basa
ngoko/pedinan yaiku:
a.
Bocah ngomong bari bocah sing
sepantaran.
b.
Wong tuwa ngomong bari
anake/bocah.
c.
Guru ngomong karo siswane.
d.
Majikan ngomong karo buruhe/bujange lan
sejen-sejene.
Conto omong-omongan basa pedinan.
1.
Budhi siswa anyar iku arane sapa ?
2.
Nang coba tulung emetaken
sarunge bapa ning lemari.
3.
Para siswa sing bli manjing
dina iki sapa bae ?
4.
Mang Carma mengko tekaa ning
umah ya, kitane pengen dipejet.
5.
Sing teka mau esuk iku apa sedulure
sira.
|
2.
Basa krama utawa bebasan
Yaiku basa sing ana rasa ngurmati
karo wong sing diajak ngomong, basa krama iku basa sing dianggep basa sing alus, basa
sing pantes kanggo komunikasi karo wong sing luwih tuwa, utawa wong sing
dihormati utawa diajeni.
- Sing nggunakaken basa krama utawa
bebasan.
a. Bocah ngomong karo wong tuwane.
b. Siswa ngomong karo gurune.
c. Bocah ngomong karo wong sing luwih tuwa.
d. Buruh/bujang ngomong karo majikane.
Conto omong-omongan basa krama/bebasan
1.
Bu ,bade tangled menawi guru
ingkang enggal punika naminipun sinten
?
(Bu, arep takon baka guru sing anyar
iku arane sapa ?)
2.
Mamang, wau kula ningal teng
margi wonten lare ingkang bolos sekolah dipun tangkep polisi.
(Mamang, mau kita weruh ning dalan ana
bocah sing bolos sekolah ditangkep polisi).
3.
Bapak punapa sampun uning dereng, menawi
sekolah kula dados juara UKS seJawa
Barat.
(Bapak apa wis weruh durung, menawa
sekolahe kita dadi juara UKS seJawa Barat .)
4.
Pak Haji, menawi lemantun ingkang wonten pengker bade dipun
kintun teng pundi ?
(Pak Haji, baka lemari sing ana ning
guri arep dikirim ning endi ?.)
|
Sumber : Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu (Sulistijo)
Komentar
Posting Komentar