ULANGAN HARIAN BASA CERBON-DERMAYU KD 2 DAN 3
ULANGAN HARIAN
MATERI KD 2 DAN 3
TAHUN PELAJARAN
2019/2020
Mata Pelajaran : Bahasa Cirebon-Indramayu
Kelas/Komp.keahlian : X (Sepuluh)/semua kompetensi
Sekolah : SMK Negeri 1 Balongan
Tanggal : 9 s.d 12 September 2019
Waktu :
45 menit
PETUNJUK UMUM
1. Berdo’a terlebih dahulu sebelum Anda
mengerjakan soal
2. Periksa dan bacalah dengan cermat dan
teliti soal-soal sebelum Anda menjawabnya
3. Dahulukan soal yang Anda anggap
paling mudah
4. Periksa pekerjaan Anda sebelum
meninggalkan ruangan
A.
Upai tanda X kanggo wangsulan
(A,B,C,D,E) sing dianggep bener !
Wacanen biografi ning esor iki !
SOEKARNO PUTRA SANG FAJAR
Ir. Soekarno
salah sijine tokoh Indonesia sing paling kawentar, wong-wong utawa masyarakat
senenge ngundang “Bung Karno”. Soekarno dilairaken ning Surabaya tanggal 6 Juni
1901, aran asline “Koesno Sosrodihardjo” jarene crita sebab sering lara mulane
arane diganti dari Soekarno”, aran bapane Raden Soekemi Sosrodihardjo, aran
ibune Ida Nyoman Rai.
Sing awit SD
sampe lulus Soekarno melu lan menenge
ning umahe Haji Oemar Said Tjokroaminoto ning Surabaya. Soekarno terus
ngelanjutaken sekolah ning Hoogere Burger School utawa HBS ning pamulangan iku
Soekarno ulih akeh ilmu lan pengalaman uga jiwa nasionalisme, sing HBS ning
Soekarno ngelanjutaken ning Technische Hoogeschool utawa THS suwene 6 taun
Soekarno ulih gelar Insinyur. Soekarno ngadegaken Partai Nasional Indonesia
tanggal 4 Juli 1927, mulai ngajaraken paham “Marhaenisme” tujuane pengen
Indonesia merdeka.
Soekarno wonge
wani lan kendel bli wedi bari penjajah Belanda, bari kelompok pemuda-pemuda
sing anti penjajah gawe pergerakan, bli iku bae baka Soekarno pidato iku sing
paling diwedeni ning penjajah Belanda, sebab pidatone bisa gawe geni sing gawe
ngobaraken semangate para pemuda lan masyarakat Indonesia,mulane Soekarno
kawentar minangka “ahli orasi” utawa “ahli pidato”, iku sing nyebabaken
Soekarno disengiti ning penjajah Belanda, sampe akhire taun 1929 Soekarno
ditangkep lan dianjingaken ning penjara Sukamiskin. Soekarno dicap ning
penjajah wong sing paling mbebayani bisa dadi ngobaraken pemuda-pemuda seje
dadi wani, mulane Soekarno ning endi bae ana mesti dikintili ning mata-mata
Belanda. Soekarno dibebasaken sing penjara Sukamiskin wulan Desember 1931.
Sebab seringe
Soekarno urusan bari penjajah Belanda, sampe ning sidang pembelaane judule
“Indonesia Menggugat” akibate penjajah Belanda tambah sewot akhire PNI tahun
1930 dibubaraken, metu sing penjara Soekarno nggabung ning Partindo lan
didaulat dadi ketuane. Akhire Soekarno ditangkep maning lan diasingaken ning
Flores suwene 4 taun, sing Flores dibuwang maning ning Bengkulu. Akhire
Soekarno ketemu bari Mohammad Hatta sing mengkone dadi dwitunggal sing
mroklamasikaken kemerdekaan Indonesia.
Tanggal 17
Agustus 1945 Soekarno bari Mohammad Hatta mroklamasikaken kemerdekaan Indonesia
sing penjajah Jepang, Soekarno uga minangka penggali Pancasila dadi dasare
negara Indonesia. Sewise proklamasi kemerdekaan Indonesia Soekarno diangkat
minangka Presiden Republik Indonesia, lan Mohammad Hatta minangka Wakil
Presiden Republik Indonesia.
Soekarno uga pendiri kelompok
nonblok, sing bareng-bareng ning Konverensi Asia Afrika dadi penyeimbang ning
negara-negara blok sing gede-gede kaya Amerika, Rusia, Inggris, Cina lan
sejen-sejene. Lan masih akeh maning gagasan lan pemikirane Soekarno sing bisa
ditiru lan dadi teladan kanggo para siswa.
1.
Aran Soekarno kewentar ning
mancanegara, sapa aran asline Soekarno....?
A.
Suprapto Joyonagara B. Koesno Sosrodihardjo C. Karno Dihardjo
D.
Rasno Harjokarsono E. Ratno Mangkudilaga
2.
Soekarno pidatone pinter ngaruhi wong-wong sing ngrungu mulane Soekarno ulih
sebutan ....?A.
ahli dakwah B. ahli strategi C. ahli
tata negara
D.
ahli orasi E. ahli kuliner
3.
Sing kawentar karo sebutan
Dwitunggal wektu mroklamasikaken kemerdekaan Indonesia bari Soekarno yaiku
.....?
A.
Mohammad Hatta B. Armin Pane C.
Wiryono
D.
Rusno Rahardjo E. Suparto Asmoro
4.
Pembelaane Soekarno sing terkenal wektu ning
pengadilan judule ....?
A.
Menuju Bedikari B. Menuju Masa Depan C. Merdeka atau Mati
D.
Indonesia Menggugat E.
Menuju Indonesia Emas
5.
Kanggo nyaingi negara-negara
maju, Soekarno ngadegaken kelompok negara apa....?
A.
Negara-negara Nonblok B. Negara Komunis C. Negara Borjouis
D.
Negara-negara Islam E. Negara Demokrasi
6.
Unggah-ungguh
basa ning Cerbon-Dermayu dibagi dadi pira, apa bae....?
A. 3, ngoko, madya, krama B.
4, ngoko, madya, krama, inggil
C. 2, krama, krama inggil D.
2, bagongan, krama desa
E. 2, pedinan, bebasan
7.
Catetan riwayat uripe wong
utawa tokoh sing ditulis ning wong sejen diarani …...?
A. roundezfoaus B.
autobiografi C.
memoriegrafi
D. biografi E. grafity
8. Tembung “biografi” sing basa apa…..? Lan tembung “bios” sing artine
…..?
A. Latin artine duwur B. Yunani artine crita C. Yunani artine urip
D. Inggris artine pamer E. Belanda artine agung
9.
Tembung “grafie” sing
tembung apa lan artine apa ….?
A. Graphien artine tulisan B. Grafiet artine coretan C. Grapp artine arang
D. Gramaphone artine swara E. wangsulan A lan D bener
10.
Riwayat uripe dewek sing
ditulis dewek diarani……?
A. Scripseen B. Noltilen C.
Notasi
D. Autobiografi E. Biografi
11.
Kenangapa kelairan bayi nduweni
makna penting, apa maksude ?
A.
Hubungane bari nasab lan masa
depane B. sebab wis
suwe bli duwe anak
C. supaya bisa
ngemban bayi saben dina D.
sedulur lan batur pada ngupai hadiah
E. sebab baka
ana bayi umah dadi rame
12.
Apa istilah ibu sing lagi
ngandung umur patang wulan, lan kudu digawekaken apa….?
A. ngiseni, tingkeban B. ngupati, digawekaken kupat werna papat
C. mitung dina, nglolosi D. kupat sinta, jago, slamet
lan luwar
E. wangsulan B lan D bener
13.
Ning upacara adat sing diarani
“puputan” yaiku sawise bayi lair iku kepriben….?
A. mudun lemah B.
coplok wudele C.
cukuran
D. ngupai aran E.
nyepasar
14.
Adat sedekah bumi dianakna
saben taun ning desa-desa tujuane sebenere….?
A. mulang trima ning bumi B. slametane para petani
C. slametan njaluk udan D. ngajak wong slametan
E. slametan arep
15.
Adat nadran umume
dilaksanakaken masyarakat pesisir, mulane nadran biasa disebut ….?
A. pestane para juragan prau B. pesta prau manjing laut
C. pestane para ABK D. pestane para nelayan
E. jawaban B, C, D bener
16.
Ning Kandanghaur ana upacara
adat sing diarani “Jaringan” yaiku adat …..?
A. labuh macul B.
arep panen C.
bersih desa
D. ngunjal pari ning lumbung E. golet jodo
17.
Pengertian tembung “Ngunjung”
ning upacara adat arti sejene yaiku ….?
A. teka B.
mapag C.
dijujug
D. wangsulan
A,E bener E. nekani
18.
Sewise agama Islam manjing,
upacara ngunjung diartikaken bari sebutan ….?
A. rasulan B.
ziarah C.
tahlilan
D. nadzar E.
wangsulan A, B bener
19.
Peninggalan adat ngunjung sing
masih katon sedurunge Islam manjing bisa rupa …?
A. sesajen, tumpeng, kembang B. duit, duit lan berkat
C. bekakak ayam, jajan pasar D. diawiti nabuh genjring
E. wangsulan
A,C bener
20.
Sing diarani ruwatan iku
tujuane kanggo slametan bocah sing kepriben….?
A. sing duwe penyakit B. bocah sing istimewa C.
bocah sukerta
D. sing duwe tanda sial E. bocah anake wong sugih
Komentar
Posting Komentar