BUDAYA CERBON-DERMAYU
A. Budaya Cerbon-Dermayu
Para siswa kabeh, weruh bli menawa budaya Cerbon – Dermayu akeh pisan wujude salah sijine tulisan carakan wujud ramalan sing Aria Wiralodra. Budaya Indonesia yaiku kabeh kebudayaan nasional,kebudayaan lokal utawa daerah, utawa kebudayaan manca sing wis manjing terus diolah bari rasa perangsa kearifan lokal masyarakatIndonesia. Kebudayaan nasional yaiku kebudayaan sing diakuiminangka identitas nasional. Wujud kebudayaan lokal utawa daerahning Indonesia biasa di deleng, contone : adat istiadat, umah adat,tari, lagu, tembang, musik gamelan, seni sungging, seni patung, seniswara, seni sastra, penganan, pakean/busana, film lan sejen-sejene.
Ning bab 2 siswa arep genau teks tanggapan deskriptif bab budaya Indonesia khususe budaya Cerbon –Dermayu. Kebudayaanartine sakabehing wujud asil pemikiran (logika), pepengenan ( etika), perasaan sing endah (estetika), ning lingkungan perkembangane kepribadiane menungsa, hubungan menungsa bari menungsa, hubungan menungsa bari alam, uga hubungan menungsa bari Gusti Ingkang Maha Kuasa, diakui menawa perumusan kasebut dudu manjing perumusan ilmiah, tapi luwih ning pedoman kerja bareng sing mengkone bisa nyiptakaken kegiatan uga nentuaken pengembangan kebudayaan nasional.
B. Ngenal Adat Istiadat Daerah Indramayu
1. Adat Ngarot
2. Adat Sedekah Bumi
3. Adat Nadran
4. Adat Jaringan
5. Adat Ngunjung
6. Adat Ruwatan
C. Unsur Kasusastran “Sengkalan”
Ning kegiatan mahami unsur kasusastran, siswa diajak mahami uga weruh apa sing diarani kagunan basa, lan kapustakan. Kawruh bab kasusastran dibagi loro yaiku :
1. Bab kagunan basa
2. Bab kapustakan
Tapi sing arep diwulangaken yaiku bab sengkalan.
Pengertian Sengkalan
Sing diarani sengkalan yaiku unen-unen, tetembungan utawa gambar-gambar sing kanggo ngartiaken "angkaning taun". Sengkalan dibagi loro, yaiku sengkalan sing dasare taun Jawa diarani "Candrasengkala" lan sengkalan sing dasare taun Masehi diarani "Suryasengkala". Miturut wujude sengkalan dibagi loro yaiku "sengkalan memet" sing wujude gambar-gambar lan "sengkalan lamba" sing wujude tetembungan utawa unen-unen.
Media Sengkalan
Wong-wong jaman bengen wis nduweni keahlian milih media kanggo nyimpen utawa nulis kedadiyan-kedadiyan sing penting, ana sing ditulis ning :
a. Watu diarani ”neka” umume tinemu ning candi, prasasti lan seteruse.
b. Kayu diarani “Gurita”
c. Penjalin diarani “Wolat” biasane kanggo nulis catetan sing rada dawa.
d. Emas diarani “indu” umume sing nggunakaken para raja/ratu sing kawentar lan sugih, lan umume kanggo nulis bab-bab sing penting-penting bae contone : Surat Kekancingan (Surat Keputusan), Piagam, Pracasti lan seteruse.
e. Slaka/selaka diarani “Wariwe” penganggone meh pada bari emas.
f. Welulang diarani “Perkamen” kanggo nyatet kedadiyanipun/ peristiwa, sejarah, babad, tembang, kasusastran lan seteruse.
g. Rontal utawa lontar, diarani “Kropak” utawa “Lontar” sing digawe godhong tal ( bangsane siwalan ), umume kanggo nulis crita utawa dongeng .
h. Dluwang diarani “buku”. Tembung dluang maune duwe arti “Kulit Kayu” jaman sekiyen dluwang wis diolah nganggo teknologi modern wujude macem-macem kualitase tamba bagus.
TUGAS
Gawe tulisan/catatan perkawis budaya lan sing ana ning daerah Cerbon-Dermayu
TUGAS
Gawe tulisan/catatan perkawis budaya lan sing ana ning daerah Cerbon-Dermayu
Sumber : Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu (Sulistijo)
Komentar
Posting Komentar