BIOGRAFI BAPAK BJ. HABIBIE
BIOGRAFI BAPAK B.J. HABIBIE
Ngimpi –ngimpine B.J.Habibie
Salah sijine
tokoh panutan lan dadi kebanggane wong Indonesia, lan minangka presiden
Republik Indonesia sing ketelu, yaiku Prof. DR. (HC) Bacharudin Jusuf Habibie,
Panjenengane dilairaken ning Parepare, Sulawesi Selatan, ning tanggal 25 Juni
1936, Bpk BJ Habibie putra nomer papat sing wolung sedulur. Wong tuwane BJ.
Habibie asmane Alwi Abdul Jalil Habibibie bari ibu R.A. Tuti Marini
Puspowardoyo .
BJ. Habibie
nikah bari ibu Hasri Ainun Habibie ning tanggal 12 Mei 1962, putrane BJ.
Habibie ana loro, yaiku Ilham Akbar karo Thareq Kemal. Riwayat cilik-cilikane
BJ. Habibie diliwati bareng-bareng bari sedulur-sedulure ning Parepare Sulawesi
Kidul.
Sifat
tegas lan * teguh cekelan waton sering
dikatonaken, ning wektu cilik-cilikane. Sering dikatonaken kanggo ndidik
anak-anake .Habibie sejene nduweni kesenengan nunggang jaran, uga seneng memaca
lan nggulati referensi macem-macem buku, apa maning sing ana hubungane bari
tehnik, lan kewentar ning kecerdasan lan keuletane sing pantang nyerah.
Wektu masih
ning sekolah dasar , bapane ninggal yaiku tanggal 3 September 1950 sebab kenang
penyakit jantung wektu lagi sholat Isya .Bli lawas sewise bapane ninggal, ibune
ngadol umah lan kendaraane, terus pindah meng Bandung lan melu Habibie .Sewise
bapane ninggal sing kerja keras ibune, ning SMA mulai katon prestasine, utamane
ning pelajaran – pelajaran eksakta, lan Habibie dadi siswa sing paling pinunjul.
Lulus sing SMA
taun 1954 manjing ning ITB, tapi sayange
ning ITB bli pragat sebab Habibie ulih
bea siswa sing Menteri Pendidikan dan Kebudayaan kanggo nglanjutaken kuliahe
ning Jerman. Habibie janji ning dirine arep bener-bener sekolah lan kudu
nduweni prestasi, sebab deweke uga wis janji ning ibune bli garep
nyia-nyiakaken harapan lan kangelane ibune nggulati duit kanggo nggedekaken lan
mbiayai sekolahe Habibie. Mahasiswa Indonesia sing belajar ning Aachean 99%
dibiayai penuh. Bli kaya mahasiswa sejene ,baka liburan Habibie bli liburan,
tapi kesempatan kanggo nggulati duit, yaiku nggulati kerja *samben kanggo
nambah-nambah tuku buku.
Habibie ulih
gelar “ Diplom-Ingenieur” sing Technische Hochschule, Jerman taun 1960 lan
predikate “cumlaude” bari rata-rata nilaine 9,5 lan ulih gelar “ insinyur “.
Habibie nglamar kerja ning firma Talbot ,yaiku salah sijine industri sepur
(kereta api) ning Jerman, ning wektu iku firma talbot mbutuhaken gerbong sing
isine gede, kanggo nganggkut barang-barang sing enteng, tapi isine akeh. Lan
Talbot mbutuhaken sewu gerbong , ulih masalah sing kaya iku Habibie nyoba
ngaplikasikaken cara-cara konstruksi swiwi (sayap) kapal mabur, sing
diterapaken ning wagon/gerbong lan sukses bisa nyiptakaken apa sing dijaluk
ning Firma Talbot.
Habibie terus
nglanjutaken studi kanggo ulih gelar Doktor ning Technische Hochschule die
Facultaet Fuer Maschinenwesen Aachean ning Jerman.
Ning Jerman
Habibie bari istrine kudu kerja keras sebab Habibie dudu wong sugih, mulane
esuk- esuk pisan Habibie kudu mlaku ning tempat kerjaane sing lumayan adohe,
sebab bli numpak kendaraan sebab tujuane
kudu hemat ning duit lan kebutuhan sejene. Kanggo kegiatan belajare melu kuliah bengi. Kanggo ibu Ainun beli beda adoh ,kanggo bebasuh
klambi kudu melu antri ning pencucian klambi umum.
Ning taun 1965
Habibie ulih gelar Dr.Ingeniur bari penileane “ summa cumlaude “ sing nilene
rata-rata 10 ning prestasine sing Technische Hochschule Die Facultaet Fuer
Maschinenwesen Aachean.
Rumus Habibie
sing paling kewentar diarani “ Faktor habibie “ sing bisa ngitung
keretakan utawa crack propagation on
random sampe ning atom-atom kapal mabur.
Sebab iku Habibie dijuluki “Mr. Crack” ning taun 1967 Habibie dadi
profesor kehormatan(guru besar) ning ITB , kegeniusane lan prestasine iku sing
nganteraken diakui ning lembaga internasional. Lembaga kasebut antarane
Gesselschaft Fuer Luft und Raumfahrt (
Lembaga Penerbangan dan Angkasa Luar) Jerman. The Royal Aeronautical
Sosiety London (Inggris). The Royal Swedish Academy of Engeneering Sciences
(Swedia), The Academie Nationale de l’Air et de l’Espace (Perancis).
Taun 1967
diupai gelar kehormatan lan dadi Guru Besar ning ITB. Dadi Doktor konstruksi
pesawat terbang ning Jerman nilene Summa Cum Laude iku sing dadi kebanggaane
wong Indonesia.Habibie kerja ning industri pesawat terbang paling * pinunjul yaiku MBB GMBH Jerman.
Habibie sing
janji nyanggupi undangane Presiden Suharto yaiku balik ning Indonesia.
Habibie prestasi sing ditoreh kanggo Indonesia akeh pisan ,ilmune akeh bisa
dirasajkaken ning masyarakat Indonesia.Ning Indonesia 20 taun jabatane BJ
Habibie akeh pisan, antarane : dadi Menristek , Kepala BPPT, mimpin 10 perusahaan
BUMN industri strategis, lan dipilih ning MPR dadi wakil Presiden RI.
Disumpah ning
Mahkamah Agung dadi Presiden RI nggantikaken Suharto. Suharto nyerahaken
jabatan presiden ning Habibie , didasaraken pasal 8 UUD 1945, lan akhire Habibie dilengseraken
sebab akibat referendum Timor Timur sing milih merdeka sing Indonesia.Pidato
pertanggungan jawabane ditolak ning MPR
RI. B.J Habibie ninggal ning Jakarta tanggal 11 September 2019. Akeh wong sing keilangan sebab Pak Habibie tokoh sing dikenal cerdas, pejuang lan akeh jasane ning negara kesatuan Republik Indonesia.
Sumber : Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu (Sulistijo)
Komentar
Posting Komentar