Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2019

BIOGRAFI LAN AUTOBIOGRAFI

Biografi lan Autobiografi/Otibiografi 1.       “Biografi” yaiku tulisan , teks , utawa catetan riwayat uripe wong utawa tokoh,sing umume wong-wong sing kewentar (terkenal),nduweni prestasi utawa keluwihan   ning ilmu,ketrampilan lan sejen-sejene .lan riwayat uripe   ditulis ning wong sejen . Apa bae sing ditulis , yaiku biasane sing awit lair, kaanan keluargane, lan perjalanan uripe, pendidikane, prestasine, karire, tulisane ,penemuan-penemuane,lan sejen-sejene. Biografi sing basa Yunani , yaiku “bios “ artine “ urip “, lan “ grafi sing tembung graphien sing artine tulisan .Dadi artine biografi yaiku “ tulisan sing nyritakaken riwayat uripe wong utawa tokoh sing sing dicritakaken sing awit lair lan   pendidikane,prestasine kadang sampe tekan matine. 2.       Baka “Autobiografi utawa otobiografi” yaiku tulisan utawa catetan riwayat uripe wong sing ditulis ning wong iku dewek . Autobiografi sing basa Yunani sin...

NGENAL ADAT ISTIADAT INDRAMAYU

Ngenal Adat Istiadat Indramayu Adat salah sijine wujud budaya sing nentukaken corak keseniantradisional, suku bagsa Indonesia nduweni adat-istiadat sing awitjaman bengen tekan sekiyen masih ana lan dienggo ning kabeh kegiatan. Adat istiadat iku orientasine ning kepercayaan (religi),sistem sosial, lan tatanan masyarakat. Mulane ning jarahnita(Sejarah dan nilai-nilai adat tradisional) sing ana ning Indramayuyaiku : 1. Adat Ngarot Adat ngarot sebenere labuh mancul, masyarakat nggaraptanah/sawah, tekane labuh macul iku disambut ning masyarakatsing dikenal bari sebuatan adat ngarot. Ning para kasinomane ningsaate mulai nandur pari. 2. Sedekah Bumi Sedekah bumi umume dilaksanakaken ning akhir ketiga(kemarau) utawa ngawiti usum udan, baka jaman bengendilaksanakaken ning wulan september, pas bari omongane yaiku“Sedekah” sing artine slametan nyambut tekane usum rendengan(penghujan), umume diselggarakaken ning baledesa lan ditaggapakenwayang njukut crita “bumiloka”. Intine meh ...

BUDAYA CERBON-DERMAYU

A. Budaya Cerbon-Dermayu Para siswa kabeh, weruh bli menawa budaya Cerbon – Dermayu   akeh pisan wujude salah sijine tulisan carakan wujud ramalan sing Aria Wiralodra. Budaya Indonesia yaiku kabeh kebudayaan nasional,kebudayaan lokal utawa daerah, utawa kebudayaan manca sing wis  manjing terus diolah bari rasa perangsa kearifan lokal masyarakatIndonesia. Kebudayaan nasional yaiku kebudayaan sing diakuiminangka identitas nasional. Wujud kebudayaan lokal utawa daerahning Indonesia biasa di deleng, contone : adat istiadat, umah adat,tari, lagu, tembang, musik gamelan, seni sungging, seni patung, seniswara, seni sastra, penganan, pakean/busana, film lan sejen-sejene. Ning bab 2 siswa arep genau teks tanggapan deskriptif bab   budaya Indonesia khususe budaya Cerbon –Dermayu. Kebudayaanartine sakabehing wujud asil pemikiran (logika), pepengenan ( etika), perasaan sing endah (estetika), ning lingkungan perkembangane kepribadiane menungsa, hubungan menungsa bari menungsa, ...

GUNEMAN

UNGGAH-UNGGUH BASA Akeh pisan sing pada ngomong menawa basa Cerbon-Dermayu iku basa sing kasar, sebenere omongan iku salah, sebab wong-wong iku ngertine utawa weruhe mung ning lapangan utawa ning dalan-dalan bae, tapi   baka dititeni utawa gelem ndeleng keluarga ning desa-desa, masih akeh sing komunikasine masih nggunakaken “ basa bebasan “ utawa “ basa krama “,aturan ngomong antara bocah enom bari wong tuwa, utawa wong sing dituwakaken masih nggunakaken   basa bebasan utawa krama. Pancen baka ndeleng ning kota utawa daerah parek kota akeh sing wis brubah , akeh keluarga sing komunikasine nggunakaken basa Indonesia, apa maning kanggo keluarga muda mulai arang nggunakaken basa daerah sing akeh-akeh nggunakaken basa Indonesia..             Sebenere baka disimak lan dititeni ning wewengkon Cerbon-Dermayu,kanggo para sesepuhe masih   kewentar ning unggah-ungguhe , subasitane lan tata kramane sing adiluhung, aja ndel...

ULANGAN HARIAN BASA CERBON-DERMAYU KD 1

Gambar
ULANGAN HARIAN MATERI KD 1 TAHUN PELAJARAN 2019/2020 Mata Pelajaran                   :   Bahasa Cirebon-Indramayu Kelas/Komp.keahlian          :   X (Sepuluh)/semua kompetensi Sekolah                            :   SMK Negeri 1 Balongan Hari/Tanggal                    :  Senin s.d Kamis / 12 s.d 15 Agustus 2019 Waktu                               :   90 menit   PETUNJUK UMUM 1.     Berdo’a terlebih dahulu sebelum Anda mengerjakan soal 2.     Periksa dan bacalah deng...