Ngimpi –Ngimpine B.J.Habibie

          Salah  sijine  tokoh  panutan  lan  dadi  kebanggane  wong  Indonesia,  minangka presiden Republik Indonesia sing ketelu, yaiku Prof. DR. (HC) Bacharudin Jusuf Habibie, Panjenengane dilairaken ning Parepare, Sulawesi Selatan, ning tanggal 25 Juni 1936, Bpk BJ Habibie putra nomer papat sing wolung sedulur. Wong tuwane BJ. Habibie asmane Alwi Abdul Jalil Habibibie bari R.A. Tuti Marini Puspowardoyo . BJ. Habibie nikah bari ibu Hasri Ainun Habibie ning tanggal 12 Mei 1962, putrane BJ. Habibie ana loro, yaiku Ilham Akbar karo Thareq Kemal. Riwayat cilik-cilikane BJ. Habibie diliwati bareng-bareng bari sedulur-sedulure ning Parepare Sulawesi Kidul.

        Sifat tegas lan teguh cekelan waton sering dikatonaken, ning wektu cilik-cilikane. Habibie nduweni kesenengan nunggang jaran, uga seneng memaca, lan kewentar ning kecerdasane. Wektu masih ning sekolah dasar , bapane ninggal yaiku tanggal 3 September 1950 sebab kenang penyakit jantung wektu lagi sholat Isya .Bli lawas sewise bapane ninggal, ibune ngadol umah lan kendaraane, terus pindah meng Bandung lan melu Habibie .Sewise bapane ninggal sing kerja keras ibune, ning SMA mulai katon prestasine, utamane ning pelajaran – pelajaran eksakta, lan Habibie dadi siswa pinunjul, lulus sing SMA taun 1954 manjing ning ITB, tapi sayange ning ITB bli pragat sebab Habibie ulih bea siswa sing Menteri Pendidikan dan Kebudayaan kanggo nglanjutaken kuliahe ning Jerman. Habibie janji ning dirine arep bener-bener sekolah lan kudu nduweni prestasi, sebab deweke uga wis janji ning ibune bli garep nyia-nyiakaken kangelane ibune nggulati duit kanggo nggedekaken lan mbiayai sekolahe Habibie. Mahasiswa Indonesia sing belajar ning Aachean 99% dibiayai penuh. Bli kaya mahasiswa sejene

baka liburan Habibie bli liburan, tapi kesempatan kanggo nggulati duit kanggo nambah-nambah tuku buku.

 

Buku Pendamping Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu  SMA/SMK kelas X

73


Habibie   ulih    gelar   

 

Diplom-Ingenieur”            sing

 

Technische Hochschule, Jerman taun 1960 lan predikate “cumlaude” bari rata-rata nilaine 9,5 lan ulih gelar “ insinyur “. Habibie nglamar kerja ning firma Talbot ,yaiku salah sijine industri sepur (kereta api) ning Jerman, ning wektu iku


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Gambar 3.1 : B.J Habibie Muda

Sumber : http://pribuminews.com


 

firma talbot mbutuhaken gerbong sing isine gede, kanggo nganggkut barang-barang sing enteng, tapi isine akeh. Lan Talbot mbutuhaken sewu gerbong , ulih masalah sing kaya iku Habibie nyoba ngaplikasikaken cara-cara konstruksi swiwi (sayap) kapal mabur, sing diterapaken ning wagon/gerbong lan sukses.Habibie terus nglanjutaken studi kanggo gelar doktor ning Technische Hochschule die Facultaet Fuer Maschinenwesen Aachean.

 

Ning Jerman Habibie bari istrine kudu kerja keras sebab Habibie dudu wong sugih, esuk-esuk pisan Habibie kudu mlaku ning tempat kerjaane sing lumayan adohe yaiku bli numpak kendaraan sebab kudu hemat ning duit lan kebutuhan sejene. Bengine melu kuliah bengi, ibu Ainun beli beda adoh ,kanggo bebasuh klambi kudu melu antri ning pencucian klambi umum. Ning taun 1965 Habibie ulih gelar Dr.Ingeniur bari penileane “ summa cumlaude “ sing nilene rata-rata 10 sing Technische Hochschule Die Facultaet Fuer Maschinenwesen Aachean.

 

Rumus Habibie sing paling kewentar diarani “ Faktor habibie “ sing bisa ngitung keretakan utawa crack propagation on random sampe ning atom-atom kapal mabur. Sebab iku Habibie dijuluki “ Mr. Crack “ , ning taun 1967 Habibie dadi profesor kehormatan (guru besar) ning ITB , Kegeniusane lan prestasine iku sing nganterakken diakui ning lembaga internasional.  Lembaga kasebut antarane Gesselschaft Fuer Luft und Raumfahrt ( Lembaga Penerbangan dan Angkasa Luar)  Jerman. The Royal Aeronautical Sosiety London  (Inggris).  The Royal Swedish  Academy of Engeneering Sciences (Swedia), The Academie Nationale de lAir et de lEspace (Perancis).

 

 

 

Buku Pendamping Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu  SMA/SMK kelas X

74


 

Taun 1967 diupai gelar kehormatan lan dadi Guru Besar ning ITB. Dadi Doktor konstruksi pesawat terbang ning Jerman nilene Summa Cum Laude, sing kono terus kerja ning industri pesawat terbang paling pinunjul MBB GMBH Jerman.  Sing  sedurunge

 

nyanggupi undangane Presiden Suharto yaiku balik ning Indonesia. Ning Indonesia 20 taun jabatane BJ Habibie akeh pisan, antarane : dadi Menristek / kepala BPPT, mimpin 10 perusahaan BUMN industri strategis, lan dipilih ning MPR dadi wakil Presiden RI.


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Gambar 3.2 : B.J Habibie

 

Sumber : http://mbahgoogel.com


 

 

Disumpah ning Mahkamah Agung dadi Presiden RI ke-3 nggantikaken Suharto. Suharto nyerahaken jabatan presiden ning Habibie , didasaraken pasal 8 UUD 1945, lan akhire Habibie dilengseraken sebab akibat referendum Timor Timur sing milih merdeka sing Indonesia.Pidato pertanggungan jawabane ditolak ning MPR RI. B.J Habibie ninggal ning Jakarta tanggal 11 September 2019. Akeh wong sing keilangan sebab Pak Habibie tokoh sing dikenal cerdas, pejuang, lan akeh jasane ning negara kesatuan Republik Indonesia.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Buku Pendamping Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu  SMA/SMK kelas X

75

 

 



Gambar 3.3 : Soekarno muda Sumber : http://sid.wikipedia.org

Soekarno Putra Sang Fajar

 

 

Soekarno utawa Bung Karno salah sijine tokoh Indonesia sing paling kewentar, wong-wong utawa masyarakat senenge ngundang “ Bung Karno “. Soekarno dilairaken ning Surabaya tanggal 6 Juni 1901 , aran asline “ Koesno Sosrodihardjo “ jarene crita sebab sering lara mulane arane diganti dadi “ Soekarno “ .aran bapane Raden Soekemi Sosrodihardjo, aran ibu Ida Ayu

 

Nyoman Rai.

 

Sing awit SD sampe lulus Soekarno melu lan menenge ning umahe Haji Oemar Said Tjokroaminoto ning Surabaya.Soekarno terus nglanjutaken sekolah ning Hoogere Burger School utawa HBS ning pamulangan iku Soekarno ulih akeh ilmu lan pengalaman uga jiwa nasionalise, sing HBS Soekarno nglanjutaken ning Technische Hoogeschool utawa THS suwene 6 taun Soekarno ulih gelar Insinyur. Sukarno ngadegaken Partai Nasional Indonesia yaiku tanggal 4 Juli 1927, mulai ngajaraken paham “ Marhaenisme “ tujuane pengen Indonesia Merdeka.

Soekarno wonge wani lan kendel lan bli wedi bari penjajah Belanda,bari kelompok pemuda -pemuda sing anti penjajah gawe pergerakan, bli iku bae baka Soekarno pidato iku sing paling diwedeni ning penjajah Belanda, sebab pidatone bisa gawe geni sing gawe ngobaraken semangate para pemuda lan masyarakat Indonesia, mulane Soekarno kewentar minangka ahli “ orasi “ utawa ahli “ pidato “ iku sing nyebabaken Soekarno disengiti ning penjajah Belanda, sampe akhire taun 1929 Soekarno ditangkep lan dianjingaken ning penjara Sukamiskin

 

.Soekarno dicap ning penjajah Belanda wong sing paling mbebayani bisa dadi ngobaraken pemuda-pemuda sejen dadi wani, mulane soekarnoning endi bae ana mesti dikintili ning mata-mata Belanda.Soekarno dibebasaken sing penjara Sukamiskin wulan Desember 1931.

 

 

Buku Pendamping Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu  SMA/SMK kelas X

76


Sebab seringe Soekarno urusan bari penjajah belanda , sampe ning sidang pembelaane judule “ Indonesia menggugat “ akibate penjajah Belanda tambah sewot akhire PNI taun 1930 dibubaraken , metu sing penjara Soekarno nggabung ning Partindo tapi ning Partindo Soekarno didaulat dadi ketuane. Akhire Soekarno ditangkep maning lan diasingaken ning Flores suwene 4 taun, sing Flores dibuwang maning ning Bengkulu .Akhire Soekarno ketemu bari Mohammad Hatta sing mengkone dadi dwitunggal sing mroklamasikaken kemerdekaan Indonesia.


 

Tanggal 17 Agustus 1945 Soekarno bari Mohammad Hatta mroklamasikaken kemerdekaan Indonesia sing penjajah Jepang , Soekarno uga minangka penggali Pancasila uga dadi dasare negara Indonesia, sewise proklamasi kemerdekaan Indonesia Soekarno diangkat minangka

 

presiden Republik Indonesia, lan Mohammad Hatta minangka Wakil Presiden Republik Indonesia.

 

Soekarno              uga         pendiri   kelompok

 

nonblok,sing bareng-bareng ning Konverensi Asia Afrika dadi penyeimbang ning negara-negara blok sing gede-gede kaya Amerika, Rusia, Inggris, Cina lan


 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Gambar 3.3 : Soekarno muda

Sumber : http://sid.wikipedia.org


 

sejene-sejene.lan masih akeh maning gagasan lan pemikirne Soekarno sing bisa ditiru lan dadi teladan kanggo para siswa.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Buku Pendamping Bahasa lan Sastra Cerbon-Dermayu  SMA/SMK kelas X

77


 

 


Tugas Kelompok Mandiri

 

 

 

 

Sewise siswa nyimak lan niteni teks biografine BJ. Habibie lan Ir. Sukarno, wangsulana pitakon-pitakon ning esor iki, siswa gawe kelompok kerja paling akeh 5 utawa 8 siswa, terus diskusikaken pitakonan-pitakonan ning esor iki.

 

 

 

1.          Sapa B.J.Habibie ,kapan dilairaken, sapa aran wong tuwane, pira sedulure lan Habibie anak nomer pira, anake BJ. Habibie ana pira sapa arane, lan asale sing daerah endi ?

2.          Kepriben karaktere BJ. Habibie, hobyne, keistimewaane, uga penemuan-penemuane BJ.Habibie.

 

3.          Tulisen apa bae sing bisa diteladani , ditiru ning siswa keteladane BJ. Habibie,

 

4.          Seuwise didiskusikaken hasil diskusi diketik nggunakaken komputer, aja kelalen tulisen sapa aran ketua kelompoke,lan aran-aran anggotane, kelas lan jurusane.

5.         Kapan Soekarno dilairaken, ning endi, sapa aran wong tuwane, lan riwayat pendidikane.

 

6.         Kenangapa Soekar no diwedeni ning penjajah Belanda lan Jepang,lan duwe sebutan ahli orasi apa maksude jelasna.

7.         Apa keuntungane Soekar no sering manjing penjara, lan dibuwang ning pulo-pulo sejene, jelasna,

 

8.         Apa sing bisa diteladani sing Soekar no kanggo para siswa, jelasna.

 

9.          Pitakon-pitakon ning duwur iku diskusikaken bari anggota kelompoke, asil diskusine ditulis nggunakaken komputer, lan diserahaken ning guru basa daerah Indramayu, aja kelalen tulisen aran ketua kelompoke, aran-aran anggotane, sing kelas pira, lan jurusane.

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

ULANGAN HARIAN BASA CERBON-DERMAYU KD 1

ULANGAN HARIAN BASA CERBON-DERMAYU KD 2 DAN 3

BIOGRAFI LAN AUTOBIOGRAFI