PIDATO (SESORAH)
PIDATO (MEDAR SABDA)
Pidato utawa sesorah, ana sing sing nyebutaken “ medar sabda “,
yaiku salah sijine kegiatan ngomong ning arepe wong akeh utawa masyarakat, sing
tujuane ngupai weruh, lan ngajak , utawa njelasaken ,ngupai informasi ning sing
pada ngrungokaken, supaya ngerti lan bisa kegugah atine.
Medhar sabda utawa pidato jenise macem-macem, ana sing sifate
tradisisi ,lan pidato sing sifate umum .Ning pelaksanaane kegiatane bisa dawa,
ringkes lan sederhana, gumantung ning kebutuhane lan tujuane. Sing jelas pidato
bisa diterapaken ning endi bae . Contone pidato ning salah sijine kegiatan sing
sifate tradisi, yaiku nglestarikaken budaya utawa adat, upamane ning adicara
:Mantu, Sunatan, Rasulan, Kelaiiran/Sepasaran bayi, Kesripahan (kematian) lan
sejen-sejene. Pidato uga bisa ning kegiatan sekolah, Pemerintahan, Organisasi
lan sejen-sejene.
Mulane siswa sing arep
ulih tugas medhar sabda utawa arep pidato kudu ngerti lan
|
gelem genau pidato sing bener lan pas
bari sing lagi dipidatokaken. Conto diawiti sing :
|
|
1.
Unggah-ungguh
basa
Basa sing diucapaken / diomongaken kudu bisa
dimangerteni,dipahami ning sing pada ngrungokaken, baka basane alus, sederhana
lan bagus wong iku ngrasa dihormati lan suasane dadi nyenengaken, basa kudu pas
bari kaidah-kaidah paramasastrane .
2.
Sikap
utawa trapsila.
Ngomong
ning arepe wong akeh, sikap, sopan santun lan penampilane kudu dijaga lan kudu
pas bari adicarane.
3.
Busana
utawa pakean.
Pamedar sabda kudu ngepasaken busana utawa pakean sing dienggo,
pas bari adicara sing lagi ditindakaken, bli kena nganggo pakean/busana
sekarepe dewek.
4.
Nguasani
materi sing lagi dipidatokaken.
Wong sing nguasai materi pidato, umume bisa nguasai ning
kahanan , iku sing gawe pidatone bli kaku,tapi bisa gawe pidato dadi
nyenengaken, sebab anane bumbu-bumbu omongan kaya guyonan, parikan, wangsalan
bisa gawe nyenengaken suasanane.
Komentar
Posting Komentar