PIDATO (SESORAH)
PIDATO (MEDAR SABDA) Pidato utawa sesorah, ana sing sing nyebutaken “ medar sabda “, yaiku salah sijine kegiatan ngomong ning arepe wong akeh utawa masyarakat, sing tujuane ngupai weruh, lan ngajak , utawa njelasaken ,ngupai informasi ning sing pada ngrungokaken, supaya ngerti lan bisa kegugah atine. Medhar sabda utawa pidato jenise macem-macem, ana sing sifate tradisisi ,lan pidato sing sifate umum .Ning pelaksanaane kegiatane bisa dawa, ringkes lan sederhana, gumantung ning kebutuhane lan tujuane. Sing jelas pidato bisa diterapaken ning endi bae . Contone pidato ning salah sijine kegiatan sing sifate tradisi, yaiku nglestarikaken budaya utawa adat, upamane ning adicara :Mantu, Sunatan, Rasulan, Kelaiiran/Sepasaran bayi, Kesripahan (kematian) lan sejen-sejene. Pidato uga bisa ning kegiatan sekolah, Pemerintahan, Organisasi lan sejen-sejene. Mulane siswa sing arep ulih tugas medhar sabda utawa arep pidato kudu ngerti lan gelem genau pidato sing b...